أَسْـتَغْفِرُ الله
مِنَ الْخَطَايَا
|
͏
|
أَسْـتَغْــفِرُ الله رَبَّ الْبَرَايَا
|
وَوَفِّقْـنِى عَمَلاً صَالِحًــا
|
͏
|
رَبِىْ زِدْنِى عِــلْمًا نَافِـــــعًا
|
يَارَفِــيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
|
͏
|
يَارَسُولَ الله سَلاَمٌ عَلَيكْ
|
يَاأُهَـيْلَ الْجُوْدِ وَالْـكَرَمِ
|
͏
|
عَطْفَـتَ يَّاجِيْرَةَ الْعَلَـــمِ
|
Ngawiti Ingsun,,, Nglaras
Syi’iran,,,
Kelawan Muji Maring
Pengeran,,,
Kang Paring Rohmat,,, Lan
Kenikmatan,,,
Rino Wengine,,, Tanpo
Pitungan,,, 2x
Duh Bolo Konco,,, Priyo
Wanito,,,
Ojo Mung Ngaji Syare’at
Bloko,,,
Gur Pinter Ndongeng,,, Nules
Lan Moco,,,
Tembe Mburine,,, Bakal
Sangsoro,,, 2x
Akeh Kang Apal,,, Qur’an
Hadiste,,,
Seneng Ngafirke Marang
Liyane,,,
Kafire Dewe,,, Gak
Digatekke,,,
Yen Iseh Kotor,,, Ati
Akale,,, 2x
Gampang Kabujuk,,, Nafsu
Angkoro,,,
Ing Pepaese Gebyare Ndunyo,,,
Iri Lan Meri,,, Sugihe
Tonggo,,,
Mulo Atine,,, Peteng Lan
Nisto,,, 2x
Ayo Sedulur,,, Jo
Nglaleake,,,
Wajibe Ngaji Sak Pranatane,,,
Nggo Ngandelake,,, Iman
Tauhide,,,
Baguse Sangu,,, Mulyo
Matine,,, 2x
Kang Aran Sholeh,,, Bagus
Atine,,,
Kerono Mapan Sari Ngelmune,,,
Laku Thoriqot,,, Lan
Ma’rifate,,,
Ugo Haqiqot,,, Manjing
Rasane,,, 2x
Al-Qur’an Qodim,,, Wahyu
Minulyo,,,
Tanpo Tinulis Iso Diwoco,,,
Iku Wejangan,,, Guru
Waskito,,,
Den Tancepake,,, Ing Njero Dodo,,,
2x
Kumantil Ati,,, Lan
Pikiran,,,
Mrasuk Ing Badan Kabeh
Jeroan,,,
Mu’jizat Rosul,,, Dadi
Pedoman,,,
Minongko Dalan,,, Manjinge
Iman,,, 2x
Kelawan Alloh,,, Kang Moho
Suci,,,
Kudu Rangkulan Rino Lan
Wengi,,,
Di Tirakati,,, Di
Riyadhohi,,,
Dzikir Lan Suluk,,, Jo Nganti
Lali,,, 2x
Uripe Ayem,,, Rumongso
Aman,,,
Dununge Roso Tondho Yen
Iman,,,
Sabar Narimo,,, Najan
Pas-Pasan,,,
Kabeh Tinakdir,,, Saking
Pengeran,,, 2x
Kelawan Konco,,, Dulur Lan
Tonggo,,,
Kang Podho Rukun Ojo Gae
Sio,,,
Iku Sunahe,,, Rosul Kang
Mulyo,,,
Nabi Muhammad,,, Panutan
Kito,,, 2x
Ayo Nglakoni,,, Sekabehane,,,
Alloh Kang Bakal Ngangkat
Drajate,,,
Senajan Asor,,, Toto
Dhohire,,,
Ananging Mulyo,,, Maqom
Drajate,,, 2x
Lamun Palastro,,, Ing
Pungkasane,,,
Ora Kesasar Roh Lan Sukmane,,,
Den Gadang Alloh,,, Swargo
Manggone,,,
Utuh Mayite,,, Ugo Ulese,,,
2x
0 komentar:
Posting Komentar