Ads 468x60px

Rabu, 06 Mei 2015

Pujian Ba’da Sholat Tarowih

Sholallohu ‘ala nabi Muhammad, robbana ya robbana waghfirlana dzunubana, taqobbal do’ana, ya rohman ya rohim, siro iku badan sampurno, sampurnane wong ngalam kabeh, Wujud Qidam Baqo’ Mukholafatu lilhawaditsi Qiyamuhu binafsihi Wahdaniyah Qudrot Irodat Ilmu Hayat Sama’ Bashor Kalam Qodiron Muridan ‘aliman Hayyan Sami’an Bashiron Mutakaliman Wujud Qidam Baqo’.
Ingsun ngimanaken Malaikat iku kawulane Alloh utusane Alloh, kang werno x2 gawene werno x2 ngibadahe, tanpo syahwat tanpo nafsu ora bopo ora ibu ora lanang ora wadon ora mangan ora nginum, jisime jisem alus bongso luhur.
Asyhadu alla ilaha illalloh waasyhaduanna Muhammadarrosululloh, anekseni ingsun setuhune ora ono pengeran kang sinembah, kelawan sak benere kang wajib wujude, kang mukal ngadame kang mesti anane anging Alloh.
Anekseni ingsun setuhune kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Alloh kawulane Alloh kang romo Sayyid Abdulloh kang ibu Siti Aminah, engkang lahir ono Mekkah hojroh ing Madinah jumeneng ing Medinah, gerah ing Medinah sedo ing Medinah sinareaken Masjid Madinah, bongsone bongso Arab bongso Quraisy, utawi yuswane kanjeng Nabi Muhammad iku sewidak tahun punjul telung tahun.
Utawi lafade laillaha illalloh iku makno nafi kelawan isbat, lan seng sopo wonge ngucapake setuhune Alloh iku werno rupo arah anggon, mongko wong iku dadi kufur, utawi kanjeng Nabi Muhammad iku menungso lanang, kang merdeko kang wus akil baligh, kang bagus rupane kang mencorong cahyane, kadi purnamane bulan lan koyo serngenge, ingkang keturunan wahyu sifat Shidiq anduweni Amannah Tabligh Fathonah, Shidiq bener Amannah kapercayan Tabligh nekaaken Fathonah kalimpatan, Mukal oyo Mukal ngaraharjo ing ndalem derajate, ingkang bongso luhur.
Allohumma Sholi ‘ala Muhammad x2, Wa’ala alihi x2, Washohbihi Wasallam, Robbij’al hadza baladan aminan, warzuk ahlahu x2, Wabarokatan thoyibatan warizkon khasanan.

Taqobal Allohu mina x2 wamingkum Taqobal ya kariim

0 komentar:

Posting Komentar

 

Sample text

https://uliiend.blogspot.co.id/

Sample Text

Sample Text

 
Blogger Templates